Saturday, November 20, 2010

Nggoleki Hoja !

Jenenge Nasrudin Hoja wis kondhang sak kecamatan yen dheweke iku pinter gawe lelucon, banyolan, dhagelan sing isa gawe guyune nguwong ning ya ora arang kerep gawe anyel lan nesune sing ketaton.

Pas dina Setu-Pahing, dina pasaran na ndesane Nasrudin, ana pimpinan-kethoprak seka kutha keraya-raya menyang ndesane Nasrudin sak perlu ketemu dheweke. Pawongan iku kepingin ngejak Nasrudin main kethoprak dadi dhagelane. Sak ora-orane kena nggo nara-sumber skenario dhagelane. Istilahe saiki, potensine Nasrudin kena nggo ngundhakake RATING kethoprake. Pawongan iku dhewe durung tau ketemu ambek Nasrudin.

Mudhun seka andhong na ngarep tokone Mbah  Kaji Kasim, ndilalah dheweke weruh ana pawongan tuwa sendhen lawang toko ambek tolah-toleh ngiwa-nengen nyawang umyege wong-wong sing lagi dedagangan.

"Nuwun sewu Pak, ajeng ndherek tanglet !", pitakone pimpinan-kethoprak mau marang pawongan sing lagi sendhenan lawang mau.
"Onten napa Mas, napa sing ajeng njenengan tangletke !?!, ngono wangsulane pawongan mau sambi jik sendhenan lawang.
"Anu Pak, napa njenengan pirsa sing asmane Pak Nasrudin Hoja ?"
"Ooo Pak Nasrudin wong gemblung nika ta, kula ngertos mas, ning tiyange kit wau dereng ketingal teng pasar 'ok Mas !"
"Eeenggg anu, napa njenengan purun ngeterke kula madosi tiyange Pak. Pun mengke kula sukani uang-lelah pun !"
"Ngeten Mas ... kula nggih puran-purun mawon ngeterke njenengan, ning kula niki nembe jaga keamanan tokone Mbah Kaji Kasim niku pripun ?"
"Napa mboten saged ditilar sekedhap ta Pak ?"
"Wah nggih mboten saged Mas, niki tugas je ! ... Eeengg  anu, napa ngeten mawon, pripun lek kula mang sulihi jaga toko sekedhap.  Kula padoske Pak Nasrudin, mengke kula ajake mriki."

Marga pancen perlu temenan pimpinan-kethoprak mau ya kepeksa gelem dikon nyulihi sendhen lawang njaga toko sing dijaga pawongan iku,
"Nggih nggih prayogi niku ... pun njenengan kula sulihi sekedhap. Nuwun nggih Pak !"

Nanging nganti meh telung jam, nganti pasar meh bubaran, pawongan sing saguh nggoleki Nasrudin mau durung ketok buntute maneh. Pimpinan-kethoprak mau ketok yen goreh, mloka-mlaku na ngarep toko ambek nyawang ngalor ngidul nguwasi dalan ngenteni tekane kongkonane.

Mbah Kaji Kasim sing wis rampungan nggone ngladeni sing dha blanja, sajake rada cubriya marang wong iku, kok kawit esuk na ngarep tokone ora lunga-lunga.
"Mas Mas ... sampeyan niku ajeng napa ta kok kawit wau teng ngarep toko kula ?!?, pitakone Mbah  Kaji Kasim kanthi swara rada galak,
"A a anu Mbah, sepurane mawon ... Kula niki ngentosi tiyang sing sagah madoske Pak Nasrudin Hoja. Niki kula nggentosi jaga toko njenengan. ". 
"Lho nggentosi jaga toko pripun ta ?", takone Mbah Kaji sing durung dhong perkarane.
Pimpinan-kethoprak mau banjur  crita mulabukane dheweke dikon nyulihi njaga tokone Mbah Kaji Kasim ambek wong sing dhek mau esuk sendhen lawang tokone Mbah Kaji Kasim.
"Tiyange wau sanjang saguh madoske Pak Nasrudin ok Mbah !"

Krungu critane wong iku, Mbah Kaji ora kuwat ngempet guyune, kepingkel-pingkel nganti menggeh-menggeh. Celathune Mbah Kaji Kasim bareng wis rada kesel olehe ngguyu,
"Owalah Diiin Nasrudin. Wis tuwa bangkokan kok ya kurangajare gak ilang-ilang. Wis tuwek ngeklek kok ya jik seneng nggodha uwong ... Jian jian jik kaya bocah ae .... Mas, nggih pun beja sampeyan dinten niki."
"Pripun ta Mbah  kok pun beja kula niku pripun genahe ?", pitakone pimpinan-kethoprak mau sing malah bingung weruh Mbah Kaji Kasim ngguyu kepingkel-pingkel.

Sambi jik rada menggeh-menggeh kekeselen ngguyu Mbah Kaji Kasim kandha ngene,
"Ngeten nggih Mas, sampeyan niki nembe  ngge dolanan nguwong. Lha nggih wong gendheng nika wau tiyang sing sampeyan padosi. Nika wau si Nasrudin, sing sampeyan genteni sendhen lawang jaga toko kula sak awan niki !".

//

No comments:

Post a Comment