Wednesday, January 5, 2011

Ajeng Percaya Ambek Sinten ?

Jenenge tangga sipate ya werna-werna. Kang Markun blantik pitik kidul pasar kondhang yen ra tau gelem guyub ambek tangga, dadine ya ora pati disenengi tanggane.

Sawijining dina Kang Markun mara nyang nggone Nasrudin Hoja, saperlu arep nyilih jaran.

"Kula nuwun Mbah !"

"Eeee mangga mangga. Onten perlu napa Kang, napa ajeng ngampil dhadhung malih ?"

"Mboten mbah, anu yen pareng kula ajeng ngampil jaran ... ngge mbeta rabuk teng sawah !"

"Ooo ngoten. Nganu Kang, jan-jane nggih mangga mawon lek ajeng ngagem jaran kula. Ning  anu, jarane nembe disilih Lik Ngabdul ngge mbeta nangka teng pasar. Sepuntene mawon nggih Kang !"

"Ngoten nggih Mbah. Nggih mboten napa-napa.  Matur nuwun, kula tak nyuwun pamit !"

Lagi wae Kang Markun arep jumangkah bali, ndadak ka mburi keprungu suwarane jaran mbengingeh sora. Sajake jarane Nasrudin krungu yen ndarane lagi nggorohi Kang Markun. Krungu suwara mbengingehe jaran mau, Kang Markun balik marani Nasrudin ambek takon kebak pangarep-arep,

"Lha nika kok onten suwara jaran Mbah ?"

Kaya biyasane Nasrudin kanthi sareh mangsuli ngene,

"Pun mangga, Kang Markun ajeng percaya ambek sinten ? Ajeng percaya ambek uwong napa ambek jaran ?"

//

Monday, January 3, 2011

Lek Ngono Iku Dudu Urusanmu !


Ing kampunge Nasrudin Hoja, ana bakul sinambi-wara undang-undangane Yu Tin. Ya marga sinambi-wara, kaya dene wartawan ing jaman moderen, Yu Tin ajeg kepengin mangerteni urusane wong liya. Kadhang kala ya ora gawe masalah, ning ora arang gawe risi-ne sing ditakoni, gawe risi-ne sing duwe perkara.

Nalika ing wayah sore Nasrudin thenguk-thenguk nang cakruk, ndilalah wae Yu Tin liwat nang ngarep cakruk. Bareng weruh Nasrudin nang kono, Yu Tin mandheg ambek takon,

"Dhe, mau aku pethuk Lik Ngabdul manggul nangka  nang nggon ....."

Durung nganti Yu Tin  ngrampungake ukarane, Nasrudin wis mangsuli  marga wegah kedawa-dawa rembugan,

"Ah mbuh Tin,  takona Ngabdul dhewe ae lek pengin ngerteni bab iku. Bab nangka, iku dudu urusanku !"

"Ning anu Dhe, mau Lik Ngabdul kandha yen nangkane arep diterake nang nggon sampeyan !"

Krungu katrangane Yu Tin sing pungkasan, Nasrudin enggal-enggal mudhun ka cakruk sajak kesusu mulih ambek mangsuli ngene,

"Ngono ta kandhane Ngabdul ? Hmmmm ... lek ngono iku dudu urusanmu !"

//