Ing kampunge Nasrudin Hoja, ana bakul sinambi-wara undang-undangane Yu Tin. Ya marga sinambi-wara, kaya dene wartawan ing jaman moderen, Yu Tin ajeg kepengin mangerteni urusane wong liya. Kadhang kala ya ora gawe masalah, ning ora arang gawe risi-ne sing ditakoni, gawe risi-ne sing duwe perkara.
Nalika ing wayah sore Nasrudin thenguk-thenguk nang cakruk, ndilalah wae Yu Tin liwat nang ngarep cakruk. Bareng weruh Nasrudin nang kono, Yu Tin mandheg ambek takon,
"Dhe, mau aku pethuk Lik Ngabdul manggul nangka nang nggon ....."
Durung nganti Yu Tin ngrampungake ukarane, Nasrudin wis mangsuli marga wegah kedawa-dawa rembugan,
"Ah mbuh Tin, takona Ngabdul dhewe ae lek pengin ngerteni bab iku. Bab nangka, iku dudu urusanku !"
"Ning anu Dhe, mau Lik Ngabdul kandha yen nangkane arep diterake nang nggon sampeyan !"
Krungu katrangane Yu Tin sing pungkasan, Nasrudin enggal-enggal mudhun ka cakruk sajak kesusu mulih ambek mangsuli ngene,
"Ngono ta kandhane Ngabdul ? Hmmmm ... lek ngono iku dudu urusanmu !"
//
No comments:
Post a Comment