Sunday, November 28, 2010

Jarit apa Jemuwah


Sakwise bojone sing sepisanan mati, Nasrudin sida ngrabi Markonah sing ireng-manis prawane Lik Kusin bakul areng wetan pasar. Arepa Nasrudin wis rada umur nanging Nasrudin ya tetep isa nandhingi krodhane bojone.sing ijih telung-puluhan tahun. Malah kepara kerep Markonah sing rada asor yudane.

Ya marga perkara iku nalika udakara telung sasinan dadi bojone Nasrudin, Markonah terus ngajokake usulan, malah kepara meksa,  ngenani wektu kanggo ngleksanani kewajibane wong omah-omah, wektu kanggo saresmi.

"Kang, lek sampeyan njaluk rong ndina pisan, malah kadhang kala saben mbengi ngene iki,  ra nganti setahun aku lak wis remek ta kang ", ngono sambate Markonah ing sawijining wengi nalika wong loro bar ngayahi kewajibane.

Krungu sambate bojone, Nasrudin rada nggragap. Dheweke terus nggagas, umpamaa ora gelem aja-aja mengkone Markonah malah njaluk pegat merga ora kuwat. Wah aja nganti, eman-eman yen nganti kelangan bojo sing manise kaya Wara Sembadra mung marga perkara pemaksaan jam kerja ae. Lan yen dipikir-pikir awake ya wis tuwa. Lha yen kekarepane diumbar kaya jaran apa ya ra bakal ngrusak ragane dhewe. 

"Ya wis Nah, aku tak nurut kowe. Ning umpama kowe sarujuk, piye yen telung ndina pisan ?", pangrimuke Nasrudin ambek ngelus-elus bojone.

"Emoh kang, jik kekerepen !", wangsulane Markonah rada mbesengut aleman.

Sakwise rada suwe anggone rebut-bener, arepa sirahe Nasrudin rada cekot-cekot,  pungkasane wong loro mau padha mupakat yen bakal nindakake kuwajibane wong bebojoan seminggu pisan. Lan uga dimupakati yen dina kanggo ngleksanani kuwajiban mau  ing saben Jemuwah bengi.

"Nanging Nah, aku ki rak wis rada lalen. Apa maneh yen kon ngeling-eling dina. Njur piye  carane supaya aku ra lali Nah ?", pitakone Nasrudin mbodhoni. Karepe mono arep golek celah  nggo nambah jam-terbang.

"Lalen apa arep nglali ta kang ?", wangsulane Markonah tanggap ing sasmita.
"Wis ngene ae kang, ben ra lali engko pas dinane, nggo tandha lek bengi iku Jemuah bengi, aku tak nyampirke jarit na kursi iku. Dadi lek arep mapan turu njur sampeyan weruh ana jarit semampir na kursi,    iku tegese  wis Jemuwah bengi."

Arepa sejatine kepeksa lha ning ya arep kepiye maneh. Wiwit seka wengi iku, dina Jemuah dadi dina  istimewa sing ajeg diantu-antu dening Nasrudin. Nanging suwe ning suwe, bebarengan lumakuning wektu, Nasrudin ora isa mbedakake maneh, jan-jane dheweke iku ngenteni dina Jemuwah apa ngenteni jarite Markonah.


//

Friday, November 26, 2010

Blas Ora Ana Gunane

Kaya abene, angger dina Setu lan Minggu, warga kampunge Nasrudin dha dedaganan  na lokasi pariwisata cedhak kampung kono. Umume ya dodolan woh-wohan kasil seka kebon-ne. Mung Nasrudin dhewe sing durung tau dodolan na taman pariwisata mau.

Nanging marga krungu yen dodolan na kono bathine lumayan, dina Setu iku Nasrudin ambek Markonah coba-coba melu bebakulan, dodolan semangka panenan wingi sore.

Durung suwe mbukak dhasaran, ndilalah ana turis asing dha numpak sepeda liwat. Lan bareng weruh semangka sing didhasarake Nasrudin sajake njur dha kepengin tuku.

"How much is this ?", pitakone salah sijine turis mau karo ngelus-elus semangka.

Marga ora mudheng marang basane turis mau, Nasrudin ya mung  tudang-tuding semangkane, ngacungke jempol, ngguya-nguyu sambi ngomong yas yes yas yes. Karepe mono arep nerangake yen semangkana legi-legi.

Marga sing tuku ora oleh wangsulan sing jelas, kanca-kancane terus  melu takon nganggo basa liyane, coba-coba mbok menawa wae bakule ngerti.

"Zhège duōshao qián ?"

"Ikura desu ka ?"

"Magkano ito ?"

"Cái này giá bao nhiêu ?"

Nanging Nasrudin tetep ora mudheng. Ya kaya sak durunge, isane mung sraweyan tudang-tuding semangka, ngecungke jempol, ngguya-ngguyu ambek omong yas yes yas yes.

Turis-turis mau ketoke ya judheg marga pitakone ora oleh wangsulan. Lan sak wis dha rembugan wong-wong iku terus dha mancal sepedhane nerusake lakune, ora sida tuku semangka.

Markonah sing kawit mau ndhepipis ndhodhok marga wedi yen ditakoni, bareng turis-turis mau wis rada adoh terus takon marang bojone,
"Wong-wong iku ketoke pinter-pinter, ning kok ra sida tuku ya kang ?"
"Pinter piye ta Nah ?"
"Lha mau tak rungokke wong-wong mau isa ngomong  ngganggo basa werna-werna nganti aku  blas ra mudheng tembunge siji-sijiya. "

Nasrudin mung isa manthuk-manthuk. Kepiyea wae sejatine dheweke ya isin merga arepa na ndesane kondhang pinter lan okeh kawruhe, ning kok ya ra ngerti siji-sijiya apa sing diomongke wong-wong mau.

Nanging dudu Nasrudin yen ora duwe alesan,
"Ya iku contone Ndhuk,  arepa wong-wong iku pinter lan ketoke okeh  kawruhe nanging na kene  blas ora ana gunane !"

Krungu wangsulan sing ngono iku Markonah terus mesem ambek celathu ngene,
"Kok padha ambek sampeyan ya kang !"


//

Tuesday, November 23, 2010

Lagi Ora Kesel

Bubar rapat ketua erte na klurahan Nasrudin diampirke Lik Rakim na ngomahe. Sing paling disenengi Lik Rakim angger ketemu Nasrudin yaiku guyonane lan kawruhe sing kaya-kaya ora ana asate.

Watara sak jaman anggone ngudhal-udhal lelucon lan guyonane Nasrudin bola-bali angop. Weruh ngono iku Lik Rakim malah kaya entuk perkara sing perlu ditakokake, karepe mono arep necep kawruh seka wong sing dianggep mangerteni apa wae, mumpung ketemu.

"Dhe, sakjane sing marahi uwong angop kaya sampeyan iku apa ta Dhe !"

"Eeeng bab angop ta. Ana rong perkara sing nyebabake wong iku angop !"

"Sing sepisan apa Dhe ?!?"

"Sing sepisan yen wong iku lagi kesel."

"Lha yen sing angka loro Dhe ?!?"

Ambek angop amba Nasrudin ngrampungake wedharane,
"Dene sing angka loro yen wong iku lagi luwe. Lan ngene ya Lik, wektu iki aku lagi ora kesel !"

Krungu wedharane Nasrudin sing pungkasan iku Lik Rakim terus mbengoki bojone sing lagi olah-olah na pawon,
"Mbokne mbokne, nggonmu olah-olah wis rampung durung ? Iki lho kakangmu wis keluwen !"


//

Monday, November 22, 2010

Dandana Sing Ayu !

Mbok menawa amarga kekeselen anggone melu gugur-gunung ndandani  bendungan sing rusak katrejang lahar-dingin, tur ya dhasar wis tuwa, wis ana pitung dina iki Nasrudin lara, ambruk tanpa daya, mengkas-mengkis ngglethak na peturon wae.

"Ndhuk, Markonah ... kira-kira apa aku ki wis arep dipethuk bathara Yamadipati ya ?", pitakone Nasrudin marang Markonah, sing awan-mbengi  nunggoni ambek mbrebes mili.

"Kang mbok aja omong ngono ta kaaang, ndang dimarek-marekna ta kang. Lek sampeyan mati njur engko aku sapa sing ngancani kaaang!", wangsulane Markonah nalika krungu pangudarasane Nasrudin.

"Nah, sing jenenge mati kuwi wis pepesthen. Yen ora saiki ya sesuk, kabeh bakal kebageyan. Wis ta aja mbok pikir jero-jero. Aja nangis ae ta. Luwih becik  saiki kowe ndang dandana sing ayu moblong-moblong, gelungan sing gedhe bunder seser,  kaya  lek arep kondangan kae ta, aja mung nganggo dhaster bodhol ngono iku !"

Krungu omonge Nasrudin ngono iku Markonah malah tambah gero-gero tangise,
"Owalah kaaang kang, aku ki lagi sedhih, lha kok malah mbok kon dandan ki genahe piye ta kaaang. Mbok aja nganeh-anehi ta kaaang !"

Ambek ngelus-elus tangane bojone Nasrudin celathu ngene,
"Ngene ya ndhuk bojoku wong ayu. Engko sak umpama bathara Yamadipati rawuh mrene sak prelu methuk aku, nanging bareng weruh kowe sing dandan ayu moblong-moblong kaya Dewi Supraba, mbok menawa wae bakal berubah dari rencana semula !"

"Njur ben luluh penggalihe ngono ta kang ?", pitakone Markonah ambek jik rada bingung.

"Ora, ora ngono Nah, bathara Yamadipati iku lek wis kebacut budhal baline ya mesthi kudu nggawa oleh-oleh, kudu nggawa gawan !"

"Lha njur karepmu piye kang ?"

"Anu Nah, mbok menawa ae, engko bareng weruh ayumu sing kaya Dewi Supraba,  ndara Yamadipati ora sida nggawa aku !"

"Lha njur nggawa sapa kang ?!?", pitakone Markonah sing malah tambah ora mudheng ambek karepe bojone.

"Nggawa kowe !"

//

Sunday, November 21, 2010

Sujarahe Ngglepungi Dhadhung

 
"Kula nuwun, napa mriki daleme Mbah Er Te Nasrudin ?", ngono uluk salame Kang Markun blantik pitik wetan pasar nalika nemoni erte-ne.

"Eh mangga ... sampeyan sinten nggih kok kula rada supe kang ?", saure Nasrudin Hoja mangga-ake tamune.
"Kula Markun, nggih wargi erte ngriki., etan peken mbah. Enggih mbah,  kula awis-awis kumpul kalih tangga-tangga, radi repot mbah, kathah damelan !"
"E iya, kelingan aku saiki, Kang Markun blantik pitik kae ta. Lha onten perlu napa ta kang ?", pitakone Nasrudin nalika wis premana ngerteni sapa ta tamune mau.

Ambek mak srog lungguh na lincak Kang Markun nggenahake karepe,
"Ngeten mbah erte, criyose tiyang-tiyang lek erte ngriki gadhah impentaris dhadhung ageng nggih ?"
"O enggih, pancen onten impentaris dhadhung. Lha kersane pripun kang?"
"Niku mbah, ajeng nyuwun ngampil ... kula ajeng negor wit klapa ngajeng nggriya !"
"O ngoten ta. Nggih nggih ... ning kula tingalane riyin napa dhadhunge saged sampeyan agem ", saure Nasrudin karo mlebu ngomah.

Ora antara suwe Nasrudin wis bali nemoni tamune.
"Wah nggih lagi beja sampeyan kang, ketingale dinten niki dhadhunge mboten saged di-angge."
"Lha pripun ta mbah, napa onten sing nembe ngangge ta ?"
"Jane nggih mboten kang, dhadhunge nggih lagi nganggur."
"Lha gene kok mboten saged di-ngge ta mbah ?", pitakone Kang Markun rada sora.
"Ngeten nggih kang, dhadhunge niku nembe di-uleni, di-glepungi bojo kula ".

Krungu wangsulan iku Kang Markun rada muntab sambi mangsuli ngene,
"Mbah padune sampeyan mboten gelem nyilihi ta, niku impentaris erte lho. Kok nganeh-anehi sampeyan niku mbah, wiwit kapan onten dhadhung kok ndadak diglephungi barang !"

Arepa tamune kurang trapsila nanging kaya abene Nasrudin mangsuli kanthi sareh,
"Ngeten nggih kang, yen sampeyan ajeng ngertos sujarah-e wiwit kapan dhadhung kok ndadak  nganggo diglepungi barang, jan-jane tradhisi niku nggih dereng suwe. Tradhisi ngoten niku wiwitane nalika onten warga erte sing mboten tau mbayar iyuran erte, mboten tau melu kerja-bakti, ning njur ajeng nyilih dhadhung impentaris erte."

//

Saturday, November 20, 2010

Nggoleki Hoja !

Jenenge Nasrudin Hoja wis kondhang sak kecamatan yen dheweke iku pinter gawe lelucon, banyolan, dhagelan sing isa gawe guyune nguwong ning ya ora arang kerep gawe anyel lan nesune sing ketaton.

Pas dina Setu-Pahing, dina pasaran na ndesane Nasrudin, ana pimpinan-kethoprak seka kutha keraya-raya menyang ndesane Nasrudin sak perlu ketemu dheweke. Pawongan iku kepingin ngejak Nasrudin main kethoprak dadi dhagelane. Sak ora-orane kena nggo nara-sumber skenario dhagelane. Istilahe saiki, potensine Nasrudin kena nggo ngundhakake RATING kethoprake. Pawongan iku dhewe durung tau ketemu ambek Nasrudin.

Mudhun seka andhong na ngarep tokone Mbah  Kaji Kasim, ndilalah dheweke weruh ana pawongan tuwa sendhen lawang toko ambek tolah-toleh ngiwa-nengen nyawang umyege wong-wong sing lagi dedagangan.

"Nuwun sewu Pak, ajeng ndherek tanglet !", pitakone pimpinan-kethoprak mau marang pawongan sing lagi sendhenan lawang mau.
"Onten napa Mas, napa sing ajeng njenengan tangletke !?!, ngono wangsulane pawongan mau sambi jik sendhenan lawang.
"Anu Pak, napa njenengan pirsa sing asmane Pak Nasrudin Hoja ?"
"Ooo Pak Nasrudin wong gemblung nika ta, kula ngertos mas, ning tiyange kit wau dereng ketingal teng pasar 'ok Mas !"
"Eeenggg anu, napa njenengan purun ngeterke kula madosi tiyange Pak. Pun mengke kula sukani uang-lelah pun !"
"Ngeten Mas ... kula nggih puran-purun mawon ngeterke njenengan, ning kula niki nembe jaga keamanan tokone Mbah Kaji Kasim niku pripun ?"
"Napa mboten saged ditilar sekedhap ta Pak ?"
"Wah nggih mboten saged Mas, niki tugas je ! ... Eeengg  anu, napa ngeten mawon, pripun lek kula mang sulihi jaga toko sekedhap.  Kula padoske Pak Nasrudin, mengke kula ajake mriki."

Marga pancen perlu temenan pimpinan-kethoprak mau ya kepeksa gelem dikon nyulihi sendhen lawang njaga toko sing dijaga pawongan iku,
"Nggih nggih prayogi niku ... pun njenengan kula sulihi sekedhap. Nuwun nggih Pak !"

Nanging nganti meh telung jam, nganti pasar meh bubaran, pawongan sing saguh nggoleki Nasrudin mau durung ketok buntute maneh. Pimpinan-kethoprak mau ketok yen goreh, mloka-mlaku na ngarep toko ambek nyawang ngalor ngidul nguwasi dalan ngenteni tekane kongkonane.

Mbah Kaji Kasim sing wis rampungan nggone ngladeni sing dha blanja, sajake rada cubriya marang wong iku, kok kawit esuk na ngarep tokone ora lunga-lunga.
"Mas Mas ... sampeyan niku ajeng napa ta kok kawit wau teng ngarep toko kula ?!?, pitakone Mbah  Kaji Kasim kanthi swara rada galak,
"A a anu Mbah, sepurane mawon ... Kula niki ngentosi tiyang sing sagah madoske Pak Nasrudin Hoja. Niki kula nggentosi jaga toko njenengan. ". 
"Lho nggentosi jaga toko pripun ta ?", takone Mbah Kaji sing durung dhong perkarane.
Pimpinan-kethoprak mau banjur  crita mulabukane dheweke dikon nyulihi njaga tokone Mbah Kaji Kasim ambek wong sing dhek mau esuk sendhen lawang tokone Mbah Kaji Kasim.
"Tiyange wau sanjang saguh madoske Pak Nasrudin ok Mbah !"

Krungu critane wong iku, Mbah Kaji ora kuwat ngempet guyune, kepingkel-pingkel nganti menggeh-menggeh. Celathune Mbah Kaji Kasim bareng wis rada kesel olehe ngguyu,
"Owalah Diiin Nasrudin. Wis tuwa bangkokan kok ya kurangajare gak ilang-ilang. Wis tuwek ngeklek kok ya jik seneng nggodha uwong ... Jian jian jik kaya bocah ae .... Mas, nggih pun beja sampeyan dinten niki."
"Pripun ta Mbah  kok pun beja kula niku pripun genahe ?", pitakone pimpinan-kethoprak mau sing malah bingung weruh Mbah Kaji Kasim ngguyu kepingkel-pingkel.

Sambi jik rada menggeh-menggeh kekeselen ngguyu Mbah Kaji Kasim kandha ngene,
"Ngeten nggih Mas, sampeyan niki nembe  ngge dolanan nguwong. Lha nggih wong gendheng nika wau tiyang sing sampeyan padosi. Nika wau si Nasrudin, sing sampeyan genteni sendhen lawang jaga toko kula sak awan niki !".

//

Friday, November 19, 2010

Daleme Gusti Allah


Arepa sejatine wonge ya lumrah wae, nanging Nasrudin Hoja wis kawentar yen rada medhit. Sawijining dina ana wong ngemis mara nyang nggone Nasrudin.

"Sowan kula deeen, nyuwun kawelasan sak wontenipun. Kala wau Gusti Allah sampun paring pitedah bilih ing griya ingkang kebak berkah kados ngriki punika mesthi tirah-tirah rejeki ingkang saged kaparingaken dhateng kula deeen !", ngono pamuwuse wong ngemis mau kanthi andhap asor lan kanthi ganep ing trapsila. Karepe mono NYOLU, golek atine sing duwe omah.

Bola-bali ya sing jenenge Nasrudin, krungu pa-nyolu-ne wong ngemis mau malah dadi metu jaile,
"Pak, sepuntene nggih, ketingale sampeyan salah griya, salah alamat !"
"Nuwun sewu, salah alamat kados pundi ta den ?"
"Sampeyan wau lak sanjang lek angsal pitedahe Gusti Allah ta ?"
"Lha inggih den, leres !"

Karo nggandheng wong ngemis mau menyang ratan Nasrudin celathu ngene,
 "Anu Pak, lek daleme Gusti Allah niku sanes ngriki, ning nika lho mesjid  kulon ndalan nika !"

//

Wednesday, November 17, 2010

Thilang Ajaran

 
Awan-awan mulih seka ngrewangi wong tuwane na kebon Nasrudin ndadak liwat kebon-peleme Mbah Kaji Kasim. Weruh pelem pating grandhul lan sajake wis dha kemrampo, ora nganggo mikir dawa  Nasrudin wis mak clingkring menek wit pelem, ndhelik na godhong sing ketel ambek nyomak-nyamuk mbrakoti pelem.

Ning yen luwak mangan tales, yen awak pancen lagi apes, durung suwe anggone bojana-andrawina mbrakoti pelem ndadak Mbah Kaji niliki kebone. Krungu krusak-krusek na wit pelem Mbah Kaji wis ngira yen mesthi ana bocah sing lagi nyolong peleme.
"Hooe sapa kuwi sing na nguwit pelem, ndang mudhuna yen ndhyas-mu ra pengin tak pathak watu !",

Dibengoki ngono Nasrudin ora njur mudhun, nanging malah ngoceh ethok-ethok dadi manuk thilang. Karepe mono ben diarani manuk thilang sing lagi dha rebutan nucuki pelem mateng.

Krungu swara ocehan mau Mbah Kasim dadi malah tambah lan nesune,
"Bedhes elek, iki mesthi Nasrudin. Ndang mudhuna Din. Wong tuwa kok  mbok apusi nganggo swara manuk barang. Ocehe thilang kuwi ra kaya ngono Din. Ayo ndang mudhun !"

Marga wis kebacut konangan Nasrudin banjur mudhun. Nanging ya pancen dhasar bocah mbeling lan ndableg, bareng wis tekan ngisor malah nyauri ngene,
"Lha sing leres suwantene thilang niku pripun ta mbah. Prasa'an kula kanggene thilang ajaran sing dereng  berpengalaman ocehan kula wau pun klebet sae lho !"

//

Tuesday, November 16, 2010

Keprungune Sesuk Esuk

Marga sesuk esuk anake kudu sekolah, Nasrudin Hoja ambek ragile sing lagi umur sepuluh taun anggone nonton wayang na kecamatan ora nganti rampung. Sak bubare GARA-GARA wong loro klunah-klunuh mulih. Tekan ngarep pasar wong loro iku weruh ana pawongan loro sing awake gedhe-gedhe lagi uthak-athik lawang tokone Mbah Kaji Kasim. Sing siji lagi nggraji gembok, sing siji ndhodhok ngawat-awati. Nasrudin ngerti yen wong loro iku maling, nanging marga rumongsa ora bakal isa nandhingi dadine ya ora wani alok, ethok-ethok ra weruh. Anake ya weruh, ning ora mudheng karo kahanan iku.

"Pak, wong loro kae lagi ngapa ta kok bengi-bengi na tokone Mbah Kaji ? Lak wis tutup ta ?"
"Sstttt ... ja banter-banter omongmu. Sing ngadeg kae lagi NGREBAB lan sing ndhodhok kae lagi nyoba nglaras swara rebabe, kaya nggon wayangan mau."
"Ning kok aku ora krungu suwarane pak, kok ra kaya na wayangan mau ta Pak?", takone anake sing katon gumun lan tetep ora dhong.
Karo nggered mlayu anake Nasrudin mangsuli ngene,
"Rebabe beda, unine ora keprungu saiki. Keprungune sesuk esuk !"

//

Monday, November 15, 2010

Kabeh Bener


Nalika Nasrudin Hoja jik njabat dadi ER-TE, ana wargane, Lik Mangil ambek Lik Kusen sing dha padu rebut bener urusan mbanyoni sawah seka kalen kulon ndesa. Kadidene ketua er-te umume ,Nasrudin uga kedhapuk dadi hakim cilik-cilikan ngenani kabeh perkara neng kampunge.

Sak wise Lik Mangil njlentrehke perkarane, Nasrudin terus omong ngene,
"Ndeleng perkarane, kowe wis bener Lik !"

Krungu putusan sing dirasa ora adil ngono iku Lik Kusen uga terus gawe 'pembelaan diri dengan berapi-api' . Sak wise Lik Kusen rampung pidhato, Nasrudin gage mangsuli ngene,
"Lek ngono kowe ya bener Lik !".

Bojone Nasrudin sing uga melu ngrungokake rembugan mau bareng krungu wangsulane bojone  enggal-enggal wae protes menyang bojone,
"Pakne sampeyan ki piye ta, kok kabeh mbok benerke! Kudune lak ana salah siji sing salah ta ?!?"

Ambek kukur-kukur gundhule, Nasrudin mangsuli bojone ngene,
"Mbokne, tak kira kowe ya bener !"

//




Sunday, November 14, 2010

Bedane Kepaten Bojo Ambek Kepaten Sapi


Marga ya pancen wis suwe anggone lara-laranen, sepasar sak wise Nasrudin Hoja rasan pengin ngrabi Markonah, bojone Nasrudin dipundhut Gusti. Ya jenenge bojo, tur maneh ya wis urip bareng 40 taun, Nasrudin ya krasa banget anggone kelangan. Nganti telung ndina sak bubare jenate bojone dikubur Nasrudin mung theleg-theleg na njero ngomah lan yen bengi lamat-lamat kerep keprungu tangis-sesenggrukan, tangise wong bar kepaten bojo.

Bareng ngancik patang dina Nasrudin lagi metu ka ngomah. Nanging sing nganeh-anehi kanggone tanggane, lha kok jan ra ketok, ra nipak, ra nilas nelangsane wong sing bar kelangan bojo. Nasrudin bali dadi Nasrudin kaya abene, sing semanak, seneng guyon lan gawe lelucon sing gawe anyel apa kemekele nguwong.

Nalika slametan pitung-ndinanan, bar donga lan ngedum berkat, sing kendhuren dha ting klesik ngrasani Nasrudin. Nasrudin sajake ya krungu rasan-rasan mau arepa ra pati permana,
"Iki kok dha ngrasani aku, nengapa ta .... mbok dha blaka ae  ta !?!"

Lik Salim sing paling cedhak Nasrudin terus celathu ngene,
"Dhe, aku ambek dulur-dulur iki lak gumun ambek solahmu ta Dhe !"
"Gumun ngenani bab apa Lik ?"
"Anu Dhe, kowe ki jan nganeh-anehi, ora umum. Kowe kelangan bojo,  olehmu sedhih kok mung telung dina. Kosok-balene, mbiyen nalika sapimu mati, lha kok tangismu nganti patang-puluh dina. Jlentrehe piye Dhe !"

Krungu pitakon ngono iku Nasrudin manthuk-manthuk sajak mathuk lan kanthi sareh kaya abene terus njlentrehke ngene,
"Ngene ya Lik Salim lan dulur kabeh, ya iki sing jenenge anehing  kahanan ndonya. Durung nganti telung ndina aku kepaten bojo lha kok wis ditawani prawan lan randha, kon ngrabi. Lha  mbiyen nalika aku kelangan sapi, nganti kemeng nggonku nangis kok ya ra ana siji-sijiya sing nawani aku sapi !"

//

Saturday, November 13, 2010

Ngoyak Suwara



Ambek jik menggeh-menggeh Nasrudin Hoja marani Wak Dul sing lagi ngeyup na ngisor wit talok na pinggir ara-ara etan ndesa. 
"Wah kesel tenan aku Dul, tak leren sik, engko tak teruske maneh !".
Ngomong ngono iku Nasrudin terus ndlosor na suketan, glethakan, leren.

Wak Dul sing kawit mau ndomblong weruh polahe Nasrudin ora sranta terus nakoni,
"Dhe .. aku ki kit mau lak ndomblong bingung ndeleng kowe !"
"Ya gene Dul ?"
"Lha iya, awan-awan panas ndhrandhang ngene kok kowe playon ngalor-ngidul ngetan-ngulon sambi bengak-bengkok na tengah ara-ara. Kowe lak ya jik waras ta Dhe. Galo kae ditonton cah cilik-cilik barang, ra isin pa ?!?"
"Lha ya jik waras-wiris ae Dul, mbok kira aku dhegleng pa ?"
"Ha ning .... "
"Dul, umpamaa tak kandhani, tak jelaske kenengapa aku playon ambek bengak-bengok pa kira-kira kowe ya mudheng !"
"Lha piye ta Dhe, mbok coba tak krungu ", pitakone Wak Dul sing sajake dadi malah kepengin ngerti apa sing dikarepke Nasrudin.
"Ngene Dul, kowe ngerti ra, yen kowe omong, nyuwara, tekan ngendi playune suwaramu, lan sepira bantere suwaramu ?"
"Ha ya ora Dhe, lha ya mbuh .... ngapa digagas barang !"
"Lha iku Dul, aku ra kaya kowe. Aku rung lega yen rung ngerti tekan ngendi  playune suaraku lan sepira bantere suaraku. Mulane aku mau nyuwara sak banter-banterku lan mlayu sak banter-banterku .... ngoyak suwaraku mau."
"Ooo ngono ta Dhe, lha mau pa wis isa kecekel suaramu ?"
"Rung !"

//

Cathetan :
Nasrudin Hoja urip ing abad 13 ( th 1208 - 1285 ). Arepa ilmu akustik (ilmu suwara) iku wis diothak-athik menungsa wiwit udakara tahun minus 500 (500-SM) ing jamane Phytagoras, nanging lagi ing abad 18 kabudayan mangerteni yen playune suwara iku bantere udakara 340 m/s. Sing ngetung Euler ing abad 18 (teoritik - analitik, neruske risete Newton, Boyle, Gay Lussac) . Dene sing sepisanan kasil ngukur tenanan (praktek, eksperimen) ra ana sing ngerti persise,  mbuh Marsenne mbuh Bill Derham mbuh Paija mbuh Mbah Mangun Braok.

Yen saumpama crita iki asli duweke Hoja ( marga ora kabeh crita ngenani Hoja iku sing gawe Hoja dhewe ), tegese Nasrudin Hoja iku uga duwe jiwa saintis lan eksperimentalis.



-

Friday, November 12, 2010

Wit asem uwoh waluh.


Awan iku Nasrudin Hoja lagi angon wedhus na cedhak tegale Lik Salim sing  ditanduri waluh. Marga kepanasen, Nasrudin njur golek eyub-eyub na ngisor wit asem gedhe sandhing tegal mau.

Sambi leyeh-leyeh nglaras ambek nglamuti gogrogan asem Nasrudin grenengan dhewe,
"Yen tak gagas Gusti Allah ki olehe nyipta kok nganeh-anehi ya. Lha wong uwit  cilik ringkih, ra isa ngadeg jejeg mung rambatan na lemah lha kok diparingi uwoh guedhi. Lha iki wit asem sing ngedhangkrang gedhe dhuwur gagah prakosa kok mung diparingi uwoh cuilik-cuilik. Apa ra kuwalik ta ya ya. Lha mbok ..."

Durung rampung anggone omong, ndilalah ana woh asem tuwa gogrog nibani gundhule Nasrudin sing plonthos. Arepa ora natoni, nanging ya tetep ae nglarani. Ambek ngelus-elus gundhule Nasrudi njur nyawang mendhuwur ambek mbatin ngene,
"E e e e asem cuilik ngene  ae isa nglarani.  Untung ae Gusti Allah ora nyipta woh asem sing  gedhene sak waluh. Cobaa ngono mendah dadi apa gundhulku iki !"

//

Thursday, November 11, 2010

Sithik-sithik rak isa nglangi ta ?


Sawijining wengi Nasrudin Hoja nakoni bojone ngene,
"Mbokne, piye sak umpama aku rabi maneh ? "
"Ha iya kono ae Pakne, sing nglakoni sampeyan. Anggere sampeyan isa nyembadani kanthi adil ae. Aku wong wedok isa menggak apa !", saure bojone sambi mbenakake susure. "Cah ngendi ta Pakne sing mbok sir ?"
"Anu ... anu ... si Markonah, anake Lik Kusin bakul areng kae !"
"Ooo kae ta, ha iya cen manis cah kae ... tur ya sregep. Malah  kebeneran ,  isa ewang-ewang aku na sawah. Ya wis kono Pakne wong ya aku cen wis tuwa, wis ra isa ngladeni sampeyan sak mesthine."
"Dadi tenan kowe ora kabotan ta Mbokne ?"
"Ya ora Pak, anggere sampeyan sing adil ae. Ning aku pengin takon Pakne !"
"Takon bab apa ...?"
"Anu, sak umpamane awake dhewe sakulawarga , sampeyan, aku mbek Markonah numpak prau, terus ndilalah praune njempalik, kira-kira sing arep mbok tulungi sapa Pakne, Markonah apa aku ?"
"Eeenggg nganu Mbokne ..... anu .... kowe sithik-sithik rak ya isa nglangi ta ?"

//

Tuesday, November 9, 2010

Pra bayar !


Wektu iku mangsa ketiga ngerak, banyu-banyu sumur na ndesane Nasrudin Hoja dha sat kabeh.  Warga olehe ngluru banyu ya mung seka belik ngisor gumuk lor desa.

Biyasane sing golek banyu ya Nasrudin utawa bojone. Nanging merga esuk iku wong loro arep nyang kebon, njur anake lanang sing dikongkon luru banyu.
"Ati-ati ya le, klenthinge ja nganti pecah !", ngono welinge Nasrudin marang anake lanang ambek ngaplok pipine anake, pindho,  kiwa tengen.

Weruh tumindake Nasrudin sing ngono iku Lik Salim sing uga arep mangkat luru banyu terus marani Nasrudin ambek takon sengol,
"Dhe ... dhe ... kowe ki ra waras tenan 'ok. Lha wong bocah ra salah, klenthinge durung pecah, lha kok  wis mbok kaploki ki keneng apa. Bar ngemplok coro pa piye ta Dhe ?"

Ambek ngepuk-puk pundhake Lik Salim sing jik mecucu nesu Nasrudin mangsuli ngene,
"Ngene Lik, tak andhani ya ... njur apa gunane ngukum sak umpama mengko klenthinge wis bacut pecah ?!?".

//

Monday, November 8, 2010

Lek ra bab umur ae !


"Teeee .... errr teeeee .... , Dhe Nasrudiiiin ....., ndang maraa nyang nggone Wak Dul, ana gegeran wong  padu kae lho !", ngono bengoke Lik Salim ka njaban pagere  pak er-te, Nasrudin Hoja.

"Jik jam pitu esuk kok wis dhe gegeran, sapa sing gegeran Lik , gegeran bab apa?", saure Nasrudin gragapan kaget merga pancen jik ngepluk merga entuk gilir rondha nganti parak esuk.

"Anu Dhe, bojone Wak Dul ambek ipene wedok. Pitike Wak Dul notholi tandurane adhine !"

"Oooo ngono ta ... Wis jar-na ae Lik,  wong wedok ki lek padu, lek ora bab UMUR ae,  mesthi dhela engkas  wis dha leren.  Wis tak neruske turu meneh ae Lik !", saure Nasrudin ambek angop amba, bali nyang amben ... neruske ngimpi.

//

Sunday, November 7, 2010

Seneng Geseh

Lagi enak-enake liyer-liyer na lincak Nasrudin Hoja dikagetke ambek Lik Salim sing bengak-bengok undang-undang,
"Dhe, dhe .... cepet dhe .... maratuwamu wedok kecemplung kali, keli !"

Krungu kabar iku gage-gage Nasrudin mlayu ngetutke Lik Salim nang kali. Nang kono wis rame wong sing arep tetulung uga sing mung pengin nonton wae. Ketoke wong-wong wis dha nyoba nggoleki, ning tetep ae ora ketemu.

Wak Dul sing jik na kali bareng weruh Nasrudin terus gage-gage lapuran,
"Wah gak ketemu Dhe .... kaline banter iline !"
"Lha mau mbok luru na arah ngendi Dul ?", pitakone Nasudin rada serius.
"Ya arah ngidul manut iline banyu no Dhe ?"

Karo manthuk-manthuk ben ketok merbawani dan wicaksana Nasrudin terus celatu,
"Ngggg, ya gak bakal ketemu lek anggonmu nggoleki manut arah iline banyu, arahmu iku salah Dul!"
"Lho salah piye ta Dhe,. Njur sing bener piye jal ?"
"Kudune ya arah ngalor Dul, munggah nglawan iline banyu !"
"Ah kowe ki edyan ok Dhe, nggoleki wong keli ki ya kudu nyang arah iline banyu ta.", wangsulane Wak Dul.
"Wis ta Dul coba golekana munggah, nglawan arah iline banyu, tak jamin engko bakal ketemu wis. Kowe lak ngerti dhewe ta lek maratuaku wedok iku ajeg SULAYA, ajeg BEDA, ajeg GESEH. Maratuwaku wedok ki rak ra tau gelem MADHA-ni  apa maneh di-PADHA-ni wong liyane."

//

Wednesday, November 3, 2010

Alesan-ne Nasrudin


Nalika jik bocah, dadi ya lagi pwol mbethike, Nasrudin Hoja mlebu nyang kebone Mbah Samad, penekan wit dhuwet lan methili wohe njur diwadhahi na tas kresek.

Lagi enak-enake nyomak-nyamuk ngrasakake legine dhuwet na nguwit ndadak Mbah Samad ngonangi,
"Heeee sapa kowe, mudhun lek gak pengin tak srampang ngarit .... Lho kowe lak Nasrudin ta ?"
"Enggih mbah, kula Nasrudin !", ngono wangsulane Nasrudin kaya ra duwe dosa.
"Lha penekan wit dhuwetku kok gak njaluk idin ... nyolong ya kowe Din !?!"
"Mboten mbah .... kula mbeten sengaja ten wit niki ok mbah !"
"Ra sengaja piye !?!"
"Ngggg anu mbah ..... njenengan lak pirsa piyambak mbah, lek dhek wau onten lesus guedhe !"
"Njur apa gandhengane ambek lesus Din .. alesan ae kowe !"
"Lha kula wau lak ketut kabur kegawa lesus njur temangsang onten wit niki !"
"Oooo ngono ta Din, lagi dhong aku ... ning kok tanganmu nyekethem dhompolan dhuwet Din, pa ya ra sengaja ?"
"Leres leres mbah .... kula mbeten sengaja. Njenengan lak nggih pirsa pripun byantere lesus-e wau. Lha kajenge mbeten dhawah kula njur pados gondhelan.  Eee kok ndilalah sing kecekel dhompolan dhuwet niki !"
"E e e e ngono ta Din, cen mau angine gedhe banget, yen ra golek  gondhelan ya sida tiba tenan kowe. Ning lha iku Din, kok cangkem-mu nyomak-nyamuk kebak dhuwet, pa ya ra sengaja Din ?"
"Lho kok pirsa ta mbah ... leres niki nggih mbeten sengaja. Lha wong angine mobat-mabit kaya ngoten nganti rai kula kesampluk dhompolan dhuwet. Ndilalah mawon kok nggih onten sing ngepasi nyampluk ten cangkem kula, nggih bablas, mlebet cangkem !"
"Weeeh jian sengsara tenan kowe mau ya Din kok nganti raimu, cangkemmu disampluki dhompolan  dhuwet."
"Enggih ok Mbah !"
"Ning anu Din, ana bab sing aku jik rung ngerti. Iku Din, lha kok tas kresekmu kebak dhuwet, iku pa ya ra sengaja ?"

Karo pethekelan mudhun Nasrudin mangsuli ngene,
"Ngggg .... anu mbah ..... bab sing niku anu mbah ..... "
"Anu piye !?!", sentake Mbah Samad
"Nggg ..... anu mbah .... bab sing niku .... kula dereng gadhah alesan . Nggg .. anu mbah ....yen onten wekdal ngga sesarengan sami dipadosi alesane. Lek miturut njenengan pripun alesane sing cocog mbah ?!?"

//

Tuesday, November 2, 2010

Kebuntel Kemul

"Dhe mau kok aku krungu ana swara grobyagan ambek swara wong kelaran na ngomahmu, apa ana maling mlebu omahmu ta Dhe ?"
Ngono pitakone Lik Salim nalika tengah wengi mara nyang nggonane Nasrudin Hoja, karepe arep melu tetulung.
"Ora ok Lik, ra ana apa-apa .... iku mau mung suwara kemul-ku tiba na undhak-undhakan !", wangsulane Nasrudin sing isih ketok menggeh-menggeh.
"Hla kok aeng men Dhe, mung kemul tiba ae kok swarane kaya wong sing lagi dikepruki."
"Lha ya iku Lik ... lek sing tiba kemul thok ya ra bakal nyuwara !"
"Lha ya piye ta Dhe ?", pitakone Lik Salim ambek jik gumun.
"Anu ok Lik, kemul sing tiba mau kebeneran ae pas mbuntel awakku !".

//

Monday, November 1, 2010

Tulisane Nasrudin

Nalika si Dulah adhi-ragile Nasrudin Hoja arep bali nyang Surabaya marga wis mari kangene ambek kakange, dheweke terus weling ngene,
"Kang mbok ya sampeyan sepisan-sepisan nyempatna wektu kirim layang nggo aku ngono ta kang. Sak liyane nggo tamba-kangen ngiras pantes nggo kabar-kinabar kahananmu ambek mbakyu lan kabar kahanan ndesa kene ta kang !"
"Ya ya ya ... mbesuk tak sempetna nulis layang nggo kowe. Ning lha terus dikirim nang ngendi?"
"Ya na alamat omahku ta kang, Surabaya. Iku alamate wis tak titipna mbakyu."
"Wah nang Surabaya, adoh men, wegah aku Dul !?!"
"Lho piye ta kang, sampeyan gak perlu mangkat Surabaya dhewe, layange dikirim liwat kantor-pos ae. Piye ta sampeyan ki kang ?!?"
"Aku ya ngerti Dul .... ning masalahe ngene ... "
"Apa masalahe .... gak duwe dhuwik nggo tuku prangko ? Nya ki tak tinggali, iki cukup nggo ngirim 100 layang !"
"Duk iku masalahe ..... Masalahe, lek layange wis tekan nggonmu njuk sapa engko sing bakal macakake layangku. ?!?"
"Lha ya aku dhewe ta kang, kepriye ta iki, sampeyan kok tambah nganeh-anehi kang ?"
"Ah gak isa , kowe gak isa, gak ana sing isa. Ngene Dul tak andhani ya, sing isa maca layangku ya mung aku dhewe !"