Saturday, October 30, 2010

Standar Ganda

"Dhe .... aku arep matur lan njaluk kawicaksananmu !", ngono tembunge Lik Salim kanthi wanda bramantya marang Nasrudin Hoja sing nalika iku njabat dadi Ketua RT kampung kono.
"Kosik ta Lik ... ana apa ta kok sajak wigati ngono ?"
"Ngene Dhe, ning ya aja malah dadi kagetmu ... "
"Piye piye ndang kandhaa ta Lik .... ana apa kok gae trataban ae ?"
"Anu Dhe, aku arep lapur lek sapi-ne Wak Dul mateni sapi-ku!"

Kanthi sareh kebak kawicaksanan, kaya biyasane Nasrudin ngedhemke swasana,
"Sik sik kosik Lik .... aja kesusu nuduh sing ora-ora, engko isa dadi pitnah lho !"
"Ning tenan'ok Dhe , sapi-ne Wak Dul sing melakukan pembunuhan !"
"Ah ya ra ngono ah .. lha sapi lak ra ngerti lek tumindake iku kriminal ta Lik. Sapi-sapi iku dha berik, ra kejarag sapi-mu sing mati. Wis wis .... perkarane aja diteruske, ditampa sebagai musibah wae ya, pasal hukum-me angel iku Lik. CASE CLOSED !"
"Oo ya wis lek ngono, ning laporanku mau jane durung rampung ok Dhe."
"Apa maneh Lik ?".
"Anu Dhe, sing berik mau duk sapi-ku thok, ning sapi-mu barang !"
"Njur piye ta ?"
"Sapi-mu ya mati disundhang sapi-ne Wak Dul ... "

Krungu lek sapine ya mati berik karo sapi-ne Wak Dul, karo njenggirat kaget campur muntab Nasrudin terus ngunandika sora ngene,
"Haaah ... sapi-ku ya mati ???. Kosik Lik, coba tak delenge PRIMBON-ku dhisik, mbok menawa isa digoleki pasal-hukume nggo ngukum sapi-ne Wak Dul !"

Monday, October 25, 2010

Carane Gusti Allah


Sawijining sore Nasrudin Hoja thenguk-thenguk ngenggar-enggar penggalih na cakruk kidul kali. Lagi enak-enake liyar-liyer ndadak ana swara bocah dha bengkerengan. Jebule ana bocah lima sing dha ribut ngedum iwak kasile seka dha gogo-iwak na kali.

"Oeee ... sore-sore dha gegeran na apa ta le, okeh ta entukane ? "

Bareng arek-arek mau weruh Nasrudin terus ana sing usul marang kanca-kancane,
"Wis ayo, njaluk tulung Mbah Din kon ngedumke ben adil !"
Kanca-kancane ya sarujuk, lan terus marani Nasrudin sing jik neruske anggone nglaras, ndlosor na cakruk.

"Mbah ... mbah ... tangiya dhilit mbah ... njuk tulung ki, dum-na sing adil mbah. Iki mau aku mbek Sarpin sing slulup nggiring iwak, Sarna mbek Sardi sing kebageyan nyekel iwak, si Sarkun sing njaga bendungane banyu.", ngono si Sarmin njlentrehke perkarane nyang Nasrudin.

Sambi ngulet Nasrudin tangi ambek takon marang bocah-bocah mau,
"Cah, kowe dha pengin nganggo cara sing endi, carane Gusti Allah apa carane menungsa ?"

"Ya carane Gusti Allah ta mbah .... Ha'a mbah mesthi adil .... Iya no carane Pangeran mbah, lek cara menungsa mesthi gak adil ! " , ngono saure bocah-bocah mau.

"Ya wis kene dak dum-ke. Iki iwake ana pira ta ...... lha pas iki, ana sepuluh ngono'ok. Wis iki, nggo Sardi, Sarpin mbek Sarna tak wenehi ngloro. Nya iki nggo Sarkun papat. Wis, beres ta ?"

Weruh dum-dumane Nasrudin sing kaya ngono iku Sarmin sing ora kebageyan iwak siji-sijiya terus age-age protes,
"Mbah, lek ngene iki jenenge malah gak adil no mbah, aku wis kethekelan slulup malah ora entuk apa-apa ki piye ta mbah ?"

Nasrudin mesem ambek ngelus-elus gundhule Sarmin.
"Miiin Sarmin, tak andhani ya nggeeer ... ya ngono iku carane Gusti Allah. Ana sing diparingi sithik, ana sing diparingi okeh nanging uga ana sing ora diparingi apa-apa. Lek mau ngedume nganggo carane menungsa, ya mesthi bakal dak dum rata, ngloro-loro. Wis saiki njur piye jalukmu ?"

Saturday, October 23, 2010

Rasane Padha Wae


Sore iku Nasrudin Hoja mulih ka kebon, bar panen dhuwet, kebek rong kranjang gedhe, genteyang-genteyong na nggigire kuldine. Tekan lurung na kampunge, bocah-bocah cilik sing sore iku lagi dha dolanan bareng weruh Nasrudin teka banjur rebut dhucung marani dha arep njaluk dhuwete.
"Mbah, paringi dhuwete mbah .... kula mbah .... aku njaluk mbah ..... aku iya mbah !"

Kanthi sareh Nasrudin mandheg terus njupuk dhuwet sak dhompol, diprithili, terus didumke bocah-bocah mau, nglima-nglima. Senthun, ragile Wak Dul sing senengane protes terus cluluk ngene,
"Mbah, kowe kok cethil men ta mbah ... wong dhuwetmu okeh ngono kok aku mung mbok wenehi limang iji ta mbah ?!?"
Kanca-kancane Senthun ya njur melu cluluk saur manuk,
"Mbah Din pelit .... cethil pwoll .... mbethithil !!!"

Isih kanthi sareh Nasrudin njur mangsuli ngene marang protes-e bocah-bocah kuwi,
"Tak andhani ya cah, sing limang iji iku ambek sing sak kranjang iki rasane padha wae, padha-padha rasa dhuwete, dadi lima ae ya wis cukup. Wis ndang diemplok kono !"

//

Thursday, October 21, 2010

Ora Tinitah Dadi Kuldi


Ndilalah, mbuh kepiye mula bukane, kuldi-ne Nasrudin Hoja mbedhal mlayu ora ketututan, ilang. Nasrudin bingung ngalor ngidul nggoleki klangenane mau, ning ya tetep wae durung ketemu.

Sak jroning ngubengi kampung ngalor ngidul ngetan ngulon nggoleki kuldi-ne, Nasrudin ndremimil dedonga tanpa ana kendhate,
"Dhuh Gusti matur nuwun sanget, dhuh Gusti matur nuwun sanget ...."

Nyumurupi Nasrudin sing ngono mau tangga-teparone padha bingung, hla wong kuldi-ne durung ketemu kok wis ngaturake panuwun. Wak Dul sing sajake wis ora kuwat ngampet gumune banjur nakoni Nasrudin ngene,
"Dhe, kowe ki kok nganeh-anehi, kelangan kuldi lan durung ketemu kok wis ngaturake panuwun. Karepmu ki kepiye ta Dhe ? "

Krungu pitakone Wak Dul ngono iku Nasrudin terus marani Wak Dul ambek mbisiki ngene,
"Anu Dul, aku ngaturake panuwun ki marga aku ora tinitah dadi kuldi. Upamaa ngono aku rak ya isa melu ilang sisan ta Dul !"

Tuesday, October 19, 2010

Nggon Sing Padhang


Ing sawijining wengi Nasrudin Hoja milang-miling na ngisor lampu penerangan pinggir ndalan. Ketoke lagi nggoleki barange sing tiba na kono.

Lik Salim tanggane adu pager nalika weruh Nasrudin lagi clingak-clinguk mau terus nyambangi ambek takon,
"Ana apa ta Dhe, ana barangmu sing ceblok pa ?"
"Ha'a Lik, aku kelangang kunci lemari."

Kadidene tangga cedhak tur ya wis kaya dulur dhewe Lik Salim banjur melu clilang-clileng nggoleki kuncine Nasrudin sing ilang mau. Nanging nganti sawetara wektu tetep ae kunci mau ora ketemu. Amarga wis dha kesel apa wis dha pasrah wong loro mau banjur leren, ndhodhok sambi rokokan na ngisor lampu dalan mau.

Sauntara mung meneng-menengan wae. Nanging marga Lik Salim wis apal ambek kelakuane tanggane siji iku, dheweke banjur takon marang Nasrudin ngene,
"Kosik Dhe, sepurane ya, jan-jane, tenane, apa kowe ki ya kelangan kunci na ngisor lampu kene ta Dhe ?"
"Hla ya ora Lik , kunciku mau tiba na latar mburi omah !", saure Nasrudin entheng ambek sedhal-sedhul rokokan.
"Anehe kowe iku Dhe, ilang na mburi omah 'ok digoleki na pinggir ndalan. Piye nalarmu Dhe!"
"Tak andhani Lik, kowe lak ngerti dhewe, na mburi omahku lak peteng banget. Kareben ra rekasa, mulane aku pilih nggoleki na nggon sing padhang !".

//

Friday, October 15, 2010

Ja Kakeyan Mikir Lik !

Wis pirang-pirang ndina iki Nasrudin Hoja nggatekna solahe Lik Salim tanggane adu pager. Lik Salim ketok lek lagi buneg. Lek awan mung ngalor-ngidul ngetan-ngulon na latar kaya kewan klebu krangkeng. Dene lek wengi kerep thenguk-thenguk na ngemperan sambi nyawang mbulan, ngalamun, ketok nglangut atine.

Ing sawijining wengi, kadidene tangga sing guyub, Nasrudin marani Lik Salim mbok menawa isa melu-melu ngudhari ruwet-rentenge tanggane mau.
"Lik, Lik Salim, na apa ta Lik kok wis pirang-pirang ndina tak sawang awakmu ketok judheg. Apa kowe lagi lara, apa bar kapusan. Na apa ta Lik ?"
"A anu, gak ok Dhe, aku gak lara, aku gak bar kapusan. Anu'ok Dhe, bab liya !" ngono saure Lik Salimun kanthi swara angluh nrenyuhake.
"Njur na apa Lik, bojomu pa anakmu sing lagi lara ?"
"Gak ok Dhe, waras kabeh "
Banjur kanthi rada isin Lik Salim nerusna ujare,
"Anu Dhe, aku ki lak duwe sanggeman mbayar utang nyang Dhe Kasan, mang atus ewu suk tanggal nembelas iki. Kamangka nganti seprene aku gak ana dhuwik nggo nyaur. Lha kowe lak ngerti dhewe kepiye Dhe Kasan lek lagi ngamuk kae. Iku sing dadi pikiranku Dhe !"

Krungu tanggane sambat ngono mau, Nasrudin terus mbenakna sarunge, brabat minggat tanpa pepoyan ninggalke Lik Salim. Udakara sakjam-an Nasrudin ledhang-ledhang teka terus marani Lik Salim ambek celathu ngene,
"Wis beres Lik, ja susah maneh !"
"Beres piye ta Dhe, apa utangku mbok talangi dhisik ngono pa piye ?"
"Lha kok nalangi ki aku gableg dhuwik ka ngendi Lik !"
"Lha terus jelase piye Dhe ?".
"Aku mau marani Dhe Kasan, ngandhani lek wektu saiki kowe blas gak duwe dhuwit nggo nyaur utang, dadi ja diarep-arep isa nyaur. Wis saiki kana ndang turua, ja kakeyan mikir maneh. Saiki kareben Dhe Kasan sing kudu genti mikir !"

-

Tuesday, October 12, 2010

Nggedebus


Na warung-kopine Yu Jah angger wong dha nggedebus mamerake jasa lan pengalaman perange nalika jaman gerilya. Yen pas ngono iku mesthi critane ya ditambah-tambahi, digedhek-gedhekake, ben diarani samsaya hebat.

Nasrudin Hoja kawit mau mung meneng wae ora melu nambongi caturan nggedobos iku, nganti Wak Dul takon ngene :
"Lek kowe piye Dhe, mbok crita pengalaman tempurmu ta Dhe !"

Krungu panjaluke Wak Dul mau kanthi sareh Nasrudin banjur crita mengkene,
"Nalika pertempuran ndhik kidul kreteg Sentolo, aku nugel sikile landa. Byet, tanpa nganggo mindhoni, sepisan wae tugel thel dening pedhang pusakaku."
"Lho piye ta Dhe, kok mung mbok tugel sikile, kok dudu gulune ta ?", ngono cluluke sing dha ngrungokake critane Nasrudin.
"Tak andhani cah, aku ra isa nugel gulune landa mau !"
"Piye ta Dhe, apa landane iku duwe kasekten na gulune ngono ta ?"
"Halaaaah caaaaah, lha ya ora ngono. Kepiye aku arep nugel gulune, wong gulune wis dikethok wong liya !"

//

Monday, October 11, 2010

Empan Papan



Nasrudin Hoja lagi mbenerke gendheng na wuwungan. Arepa gaweyan sepele nanging dadi ora gampang kanggone wong sing wis umur. Lagi sengkud-sengkude mbut gawe, Wak Dul tanggane bengok-bengok ka ngisor.
"Pak Dheeeee ...."
"La apa Dul kok celuk-celuk, lagi repot mbenerna gendheng !"
"Mudhuna sik ta, ana sing perlu banget ki !"
"Gak isa nunggu tah ?"
"Waaah kesuwen Dhe, penting byanget'ok !"

Kanthi kethekelan kangelan Nasrudin mudhun ka wuwungan marani tanggane mau.
"Ana urusan apa ta Dul ?"
Wak Dul marani Nasrudin terus mbisiki ngene :
"Anu Dhe, aku tak nyeblak sithik, limang ewu ae, arekku rewel njuk jajan !"
"Oooo ngono ta .... ya wis ayo melua aku munggah na wuwungan !" ngono saure Nasrudin.

Nasrudin munggah maneh na wuwungan ditutake ambek Wak Dul. Wak Dul ya rada krenggosan menek andha lha wong awake ya rada lemu. Tekan nduwur wuwungan Wak Dul terus celathu,
"Wis ndang Dhe kene dhuwike, selak dienteni arek !"

Nasrudin ngawe Wak Dul kon nyedhak lan njur mbisiki ngene,
"Sepurane ya Dul, aku gak duwe dhuwit !"

//