Friday, November 19, 2010

Daleme Gusti Allah


Arepa sejatine wonge ya lumrah wae, nanging Nasrudin Hoja wis kawentar yen rada medhit. Sawijining dina ana wong ngemis mara nyang nggone Nasrudin.

"Sowan kula deeen, nyuwun kawelasan sak wontenipun. Kala wau Gusti Allah sampun paring pitedah bilih ing griya ingkang kebak berkah kados ngriki punika mesthi tirah-tirah rejeki ingkang saged kaparingaken dhateng kula deeen !", ngono pamuwuse wong ngemis mau kanthi andhap asor lan kanthi ganep ing trapsila. Karepe mono NYOLU, golek atine sing duwe omah.

Bola-bali ya sing jenenge Nasrudin, krungu pa-nyolu-ne wong ngemis mau malah dadi metu jaile,
"Pak, sepuntene nggih, ketingale sampeyan salah griya, salah alamat !"
"Nuwun sewu, salah alamat kados pundi ta den ?"
"Sampeyan wau lak sanjang lek angsal pitedahe Gusti Allah ta ?"
"Lha inggih den, leres !"

Karo nggandheng wong ngemis mau menyang ratan Nasrudin celathu ngene,
 "Anu Pak, lek daleme Gusti Allah niku sanes ngriki, ning nika lho mesjid  kulon ndalan nika !"

//

Wednesday, November 17, 2010

Thilang Ajaran

 
Awan-awan mulih seka ngrewangi wong tuwane na kebon Nasrudin ndadak liwat kebon-peleme Mbah Kaji Kasim. Weruh pelem pating grandhul lan sajake wis dha kemrampo, ora nganggo mikir dawa  Nasrudin wis mak clingkring menek wit pelem, ndhelik na godhong sing ketel ambek nyomak-nyamuk mbrakoti pelem.

Ning yen luwak mangan tales, yen awak pancen lagi apes, durung suwe anggone bojana-andrawina mbrakoti pelem ndadak Mbah Kaji niliki kebone. Krungu krusak-krusek na wit pelem Mbah Kaji wis ngira yen mesthi ana bocah sing lagi nyolong peleme.
"Hooe sapa kuwi sing na nguwit pelem, ndang mudhuna yen ndhyas-mu ra pengin tak pathak watu !",

Dibengoki ngono Nasrudin ora njur mudhun, nanging malah ngoceh ethok-ethok dadi manuk thilang. Karepe mono ben diarani manuk thilang sing lagi dha rebutan nucuki pelem mateng.

Krungu swara ocehan mau Mbah Kasim dadi malah tambah lan nesune,
"Bedhes elek, iki mesthi Nasrudin. Ndang mudhuna Din. Wong tuwa kok  mbok apusi nganggo swara manuk barang. Ocehe thilang kuwi ra kaya ngono Din. Ayo ndang mudhun !"

Marga wis kebacut konangan Nasrudin banjur mudhun. Nanging ya pancen dhasar bocah mbeling lan ndableg, bareng wis tekan ngisor malah nyauri ngene,
"Lha sing leres suwantene thilang niku pripun ta mbah. Prasa'an kula kanggene thilang ajaran sing dereng  berpengalaman ocehan kula wau pun klebet sae lho !"

//

Tuesday, November 16, 2010

Keprungune Sesuk Esuk

Marga sesuk esuk anake kudu sekolah, Nasrudin Hoja ambek ragile sing lagi umur sepuluh taun anggone nonton wayang na kecamatan ora nganti rampung. Sak bubare GARA-GARA wong loro klunah-klunuh mulih. Tekan ngarep pasar wong loro iku weruh ana pawongan loro sing awake gedhe-gedhe lagi uthak-athik lawang tokone Mbah Kaji Kasim. Sing siji lagi nggraji gembok, sing siji ndhodhok ngawat-awati. Nasrudin ngerti yen wong loro iku maling, nanging marga rumongsa ora bakal isa nandhingi dadine ya ora wani alok, ethok-ethok ra weruh. Anake ya weruh, ning ora mudheng karo kahanan iku.

"Pak, wong loro kae lagi ngapa ta kok bengi-bengi na tokone Mbah Kaji ? Lak wis tutup ta ?"
"Sstttt ... ja banter-banter omongmu. Sing ngadeg kae lagi NGREBAB lan sing ndhodhok kae lagi nyoba nglaras swara rebabe, kaya nggon wayangan mau."
"Ning kok aku ora krungu suwarane pak, kok ra kaya na wayangan mau ta Pak?", takone anake sing katon gumun lan tetep ora dhong.
Karo nggered mlayu anake Nasrudin mangsuli ngene,
"Rebabe beda, unine ora keprungu saiki. Keprungune sesuk esuk !"

//

Monday, November 15, 2010

Kabeh Bener


Nalika Nasrudin Hoja jik njabat dadi ER-TE, ana wargane, Lik Mangil ambek Lik Kusen sing dha padu rebut bener urusan mbanyoni sawah seka kalen kulon ndesa. Kadidene ketua er-te umume ,Nasrudin uga kedhapuk dadi hakim cilik-cilikan ngenani kabeh perkara neng kampunge.

Sak wise Lik Mangil njlentrehke perkarane, Nasrudin terus omong ngene,
"Ndeleng perkarane, kowe wis bener Lik !"

Krungu putusan sing dirasa ora adil ngono iku Lik Kusen uga terus gawe 'pembelaan diri dengan berapi-api' . Sak wise Lik Kusen rampung pidhato, Nasrudin gage mangsuli ngene,
"Lek ngono kowe ya bener Lik !".

Bojone Nasrudin sing uga melu ngrungokake rembugan mau bareng krungu wangsulane bojone  enggal-enggal wae protes menyang bojone,
"Pakne sampeyan ki piye ta, kok kabeh mbok benerke! Kudune lak ana salah siji sing salah ta ?!?"

Ambek kukur-kukur gundhule, Nasrudin mangsuli bojone ngene,
"Mbokne, tak kira kowe ya bener !"

//




Sunday, November 14, 2010

Bedane Kepaten Bojo Ambek Kepaten Sapi


Marga ya pancen wis suwe anggone lara-laranen, sepasar sak wise Nasrudin Hoja rasan pengin ngrabi Markonah, bojone Nasrudin dipundhut Gusti. Ya jenenge bojo, tur maneh ya wis urip bareng 40 taun, Nasrudin ya krasa banget anggone kelangan. Nganti telung ndina sak bubare jenate bojone dikubur Nasrudin mung theleg-theleg na njero ngomah lan yen bengi lamat-lamat kerep keprungu tangis-sesenggrukan, tangise wong bar kepaten bojo.

Bareng ngancik patang dina Nasrudin lagi metu ka ngomah. Nanging sing nganeh-anehi kanggone tanggane, lha kok jan ra ketok, ra nipak, ra nilas nelangsane wong sing bar kelangan bojo. Nasrudin bali dadi Nasrudin kaya abene, sing semanak, seneng guyon lan gawe lelucon sing gawe anyel apa kemekele nguwong.

Nalika slametan pitung-ndinanan, bar donga lan ngedum berkat, sing kendhuren dha ting klesik ngrasani Nasrudin. Nasrudin sajake ya krungu rasan-rasan mau arepa ra pati permana,
"Iki kok dha ngrasani aku, nengapa ta .... mbok dha blaka ae  ta !?!"

Lik Salim sing paling cedhak Nasrudin terus celathu ngene,
"Dhe, aku ambek dulur-dulur iki lak gumun ambek solahmu ta Dhe !"
"Gumun ngenani bab apa Lik ?"
"Anu Dhe, kowe ki jan nganeh-anehi, ora umum. Kowe kelangan bojo,  olehmu sedhih kok mung telung dina. Kosok-balene, mbiyen nalika sapimu mati, lha kok tangismu nganti patang-puluh dina. Jlentrehe piye Dhe !"

Krungu pitakon ngono iku Nasrudin manthuk-manthuk sajak mathuk lan kanthi sareh kaya abene terus njlentrehke ngene,
"Ngene ya Lik Salim lan dulur kabeh, ya iki sing jenenge anehing  kahanan ndonya. Durung nganti telung ndina aku kepaten bojo lha kok wis ditawani prawan lan randha, kon ngrabi. Lha  mbiyen nalika aku kelangan sapi, nganti kemeng nggonku nangis kok ya ra ana siji-sijiya sing nawani aku sapi !"

//

Saturday, November 13, 2010

Ngoyak Suwara



Ambek jik menggeh-menggeh Nasrudin Hoja marani Wak Dul sing lagi ngeyup na ngisor wit talok na pinggir ara-ara etan ndesa. 
"Wah kesel tenan aku Dul, tak leren sik, engko tak teruske maneh !".
Ngomong ngono iku Nasrudin terus ndlosor na suketan, glethakan, leren.

Wak Dul sing kawit mau ndomblong weruh polahe Nasrudin ora sranta terus nakoni,
"Dhe .. aku ki kit mau lak ndomblong bingung ndeleng kowe !"
"Ya gene Dul ?"
"Lha iya, awan-awan panas ndhrandhang ngene kok kowe playon ngalor-ngidul ngetan-ngulon sambi bengak-bengkok na tengah ara-ara. Kowe lak ya jik waras ta Dhe. Galo kae ditonton cah cilik-cilik barang, ra isin pa ?!?"
"Lha ya jik waras-wiris ae Dul, mbok kira aku dhegleng pa ?"
"Ha ning .... "
"Dul, umpamaa tak kandhani, tak jelaske kenengapa aku playon ambek bengak-bengok pa kira-kira kowe ya mudheng !"
"Lha piye ta Dhe, mbok coba tak krungu ", pitakone Wak Dul sing sajake dadi malah kepengin ngerti apa sing dikarepke Nasrudin.
"Ngene Dul, kowe ngerti ra, yen kowe omong, nyuwara, tekan ngendi playune suwaramu, lan sepira bantere suwaramu ?"
"Ha ya ora Dhe, lha ya mbuh .... ngapa digagas barang !"
"Lha iku Dul, aku ra kaya kowe. Aku rung lega yen rung ngerti tekan ngendi  playune suaraku lan sepira bantere suaraku. Mulane aku mau nyuwara sak banter-banterku lan mlayu sak banter-banterku .... ngoyak suwaraku mau."
"Ooo ngono ta Dhe, lha mau pa wis isa kecekel suaramu ?"
"Rung !"

//

Cathetan :
Nasrudin Hoja urip ing abad 13 ( th 1208 - 1285 ). Arepa ilmu akustik (ilmu suwara) iku wis diothak-athik menungsa wiwit udakara tahun minus 500 (500-SM) ing jamane Phytagoras, nanging lagi ing abad 18 kabudayan mangerteni yen playune suwara iku bantere udakara 340 m/s. Sing ngetung Euler ing abad 18 (teoritik - analitik, neruske risete Newton, Boyle, Gay Lussac) . Dene sing sepisanan kasil ngukur tenanan (praktek, eksperimen) ra ana sing ngerti persise,  mbuh Marsenne mbuh Bill Derham mbuh Paija mbuh Mbah Mangun Braok.

Yen saumpama crita iki asli duweke Hoja ( marga ora kabeh crita ngenani Hoja iku sing gawe Hoja dhewe ), tegese Nasrudin Hoja iku uga duwe jiwa saintis lan eksperimentalis.



-

Friday, November 12, 2010

Wit asem uwoh waluh.


Awan iku Nasrudin Hoja lagi angon wedhus na cedhak tegale Lik Salim sing  ditanduri waluh. Marga kepanasen, Nasrudin njur golek eyub-eyub na ngisor wit asem gedhe sandhing tegal mau.

Sambi leyeh-leyeh nglaras ambek nglamuti gogrogan asem Nasrudin grenengan dhewe,
"Yen tak gagas Gusti Allah ki olehe nyipta kok nganeh-anehi ya. Lha wong uwit  cilik ringkih, ra isa ngadeg jejeg mung rambatan na lemah lha kok diparingi uwoh guedhi. Lha iki wit asem sing ngedhangkrang gedhe dhuwur gagah prakosa kok mung diparingi uwoh cuilik-cuilik. Apa ra kuwalik ta ya ya. Lha mbok ..."

Durung rampung anggone omong, ndilalah ana woh asem tuwa gogrog nibani gundhule Nasrudin sing plonthos. Arepa ora natoni, nanging ya tetep ae nglarani. Ambek ngelus-elus gundhule Nasrudi njur nyawang mendhuwur ambek mbatin ngene,
"E e e e asem cuilik ngene  ae isa nglarani.  Untung ae Gusti Allah ora nyipta woh asem sing  gedhene sak waluh. Cobaa ngono mendah dadi apa gundhulku iki !"

//