Friday, December 3, 2010

Lek isa manak, ya mesthi isa mati !



"Kang, kang Nasrudin, engko lek arep mangkat nang tegal mampira nang ngomahe Mbah Jaya ngulihke tenggok sing wingi dak silih ya kang !", welinge Markonah marang bojone nalika Nasrudin arep menyang tegale.

"Endi barange Nah ?"

"Kuwi na ngarep lawang !"

Tanpa nggatekake ana isine apa ora, tenggok mau terus dicangking Nasrudin. Kaya sing diwelingke bojone, dheweke mampir ngomahe Mbah Jaya ngulihke tenggok.

"Kula nuwun mbah ... niki onten titipan king Markonah, mangsulke tenggok !"

Mbah Jaya nampa tenggok mau, nanging banjur alok,
"Dhe, lha niki kok onten tumbu cilik katut teng njeron tenggok, dede gadhahan kula Dhe, pun mang beta wangsul mawon !"

Pancen jebule na njero tenggok mau ana tumbu anyar sing katut kegawa. Nanging marga wegah repot nggawa tumbu nyang tegalan Nasrudin njur gawe alesan sak kenane,

"Ngeten mbah .... wingi nalika diampil Markonah, jebule tenggok sampeyan niki lagi meteng-tuwa. Lha pas teng nggriya kula terus nglairke. Nggih niku mbah anake, wujud tumbu cilik ngoten niku !"

Krungu caturane Nasrudin ing batin Mbah Jaya nggreneng, "dhasar wong gendheng, ana tenggok kok isa manak ". Ning ya marga malah entuk tumbu anyar Mbah Jaya terus mangsuli,
"Eeeee ngoten nggih Dhe .... nggih pun anak-tenggok wau kula openane ben ndang gedhe kaya simboke."

Mbah Jaya seneng entuk tumbu anyar, Nasrudin seneng merga ra repot nggawa tumbu nyang tegalan.

---
Kahanan desa lumaku kaya adat-sabene, nganti ing sawijining dina nalika Nasrudin liwat ngarep omahe mbah Jaya, dheweke di-ndheg Mbah Jaya.

"Dhe, pun seminggu niki kok tenggok sing diampil Markonah kok dereng diwangsulke nggih ?"

"Tenggok ? Napa tenggok sing mbiyen manak nika mbah ?"

"Enggih Dhe, ngge wadhah kacang king nggen kula ?"

Sejatine ing batin mbah Jaya duwe pangarep-arep oleh wangsulan ka Nasrudin lek tenggoke lagi bayen maneh, dadi dheweke bakal entuk tumbu anyar maneh. Nanging dudu Nasrudin yen ora tanggap ing sasmita marang kekarepanen Mbah Jaya.

"Wadhuuuuh mbah, jane kula mboten tegel oleh kula ajeng matur !", celathune Nasrudin tumungkul sajak sedhih.

"Pripun ta dhe, onten napa ?", pitakone Mbah Jaya gumun campur dheg-dhegan.

"Ngeten nggih mbah. Dhek mben nika nalika bojo kula ngampil tenggok njenengan malih, jebule tenggok niku nggih pas lagi meteng tuwa."

"Dadi leres tenggok kula manak melih Dhe ?", mbah Jaya nyamber ukara kebak pangarep-arep.

"Leres mbah leres. Tenggok nika manak melih. Ning kula suwun mbah Jaya sing sabar lan ikhlas penggalihe nggih ... !"

"Pripun genahe Dhe ?", pitakone mbah Jaya sing wiwit rada curiga.

"Ngeten mbah, ketingale mergi radi kabotan lan kesengka olehe nyambut gawe, mangka pas lagi
 meteng-tuwa, nalika babaran tenggok wau pejah konduran sak bocahe. Ning nggih pun kula rukti kanthi sae, ngga ta yen ajeng tuwi kuburane !"

Krungu katrangane Nasrudin sing kaya ngono iku Mbah Jaya terus muntab nesu,
"Dhe, mbok ampun ngapusi wong tuwa ta. Padune sampeyan mboten gelem mbalekake tenggok kula nggih. Napa onten critane tenggok kok nganggo mati barang !"

Sambi neruske lakune Nasrudin mangsuli ngene,
"Lha nggih enten mawon ta mbah, lha emben nika lak tenggok sampeyan nggih saged manak ta ? Dadi nggih lumrah mawon ta yen tenggok sampeyan saged mati !"

//

Thursday, December 2, 2010

Pokok'e Saiki Dina Jemuwah !


Peraturan dina Jemuwah nang bale-somahe Nasrudin wis lumaku udakara nem sasinan. Wiwitane ya gawe mletheking-endhas, nanging kanthi lumakuning wektu, suwe-suwe Nasrudin isa nglakoni kanthi kepenak ae. Sing penting ana pepesthen yen saben Jemuwah bengi bakal  nemoni jarit semampir na kursi sandhing lemari.

Wis ana telung minggu iki Markonah nyambangi sedulure nang Pamekasan, nang ndesa kelairane wong tuwane. Lungane ijen, marga Nasrudin kudu ngurusi sawah, tegalan lan ingon-ingone. Pungkasan tilik nalika jik prawan kencur. Marga pancen wis kepara suwe ora ketemu dulure, dadine lungane dikatog-katogake. Na paran Markonah seneng-seneng kumpul dulure,  na ngomah Nasrudin senut-senut merga wis telung minggu ora ketemu jarite bojone.

Begjane wae, kahanan sing ngono iku ora kedlarung-dlarung. Dina Selasa sore Markonah teka. Ning  kok ana sing rada beda. Markonah katon tambah weweg sedhet singset kenceng lan cayane katon  abang seger sumyah sumringah. Mbok menawa wae na paran pancen isa nglerenke awak, seneng atine lan cocog ambek hawa pulo Medura.

Weruh tekane Markonah, apa maneh bareng weruh pawakane lan cayane bojone, Nasrudin  bungahe  tan kena kinira. Atine seneng, padhang njingglang apa kang sinawang., gagah sumringah,  kepara meh wae ora isa nyegah amarah.

"Hmmmm grrrrrr .... aja takon dosa engko bengi mbokmu ... grrrrrrr !", ngono batine Nasrudin.

Nanging bareng kelingan yen wektu iku jik dina Selasa, Nasrudin dadi lungkrah, nelangsa.
"Owalaaah cen wis dadi begjaku .... jik telung dina engkas. Umpama aku meksa engko ya malah dadi dhredhah. Ya wis lah, lha ya wis kepiye maneh,. Ya ya, tak teruske  maneh pasaku. Mbok menawa  wae engko malah  isa dadi berkah. Dhuh dewa kawula paringana kiyat !", grenenge Nasrudin nglelipur atine dhewe.

Kanggo nglalekake lan nglelipur kagoling ati, lan ndilalah ae sore iku pas malem Selasa-Legi, Nasrudin duwe rancangan arep nekani sarasehan-kasepuhan nang nggone Mbah Lurah Dongkol.

"Naaah, aku tak Selasa-Legen nang nggone Mbah Dongkol ya", ngono pamite marang bojone.
"Ya kang, ning mulihe aja wengi-wengi ya !", welinge bojone.

Wangsulane bojone mau jan-jane ora kaya adat sabene. Biyasane ya mung diwangsuli ya ya ya ya wae.  Sing kerep malah weling kon mberkat suguhane. Nanging Nasrudin ora nggagas babar blas, mbok menawa wae marga wis kebacut mumet campur kagol atine. Dadine ya njur kelangan kawaskithan, kaprayitnan lan lantiping panggraita.

Jam setengah rolas bengi Nasrudin wis mulih. Tekan ngomah marga ya pancen wis ora duwe pengarep-arep,  Nasrudin terus ndlosor ae nang sandinge bojone sing  kemulan rapet.. Ketoke wis kepati nglempus.  Ambek ngenteni tekane ngantuk Nasrudin mung isa kethap-kethip nyawang empyak. Pikirane kumleyang mrana-mrene, ngalamun. Nanging durung nganti  kadohan anggone ngalamun ndadak Markonah celathu, jebule durung turu,

"Kang, apa kowe ra weruh sing na kursi ta ?"

Krungu pitakone bojone iku Nasrudin nglirik kursi cedhak lemari, batine mbok menawa bojone nggawa oleh-oleh. Nanging kaya ngapa kagete bareng ngawuningani yen ing kursi ana jarit semampir, kaya yen saben Jemuwah bengi.
"Nah Nah .... saiki jik dina Selasa lho. Lali pa kowe ?", pitakone Nasrudin sing jik kaget campur bingung.

Nanging Nasrudin dadi tambah kaget nalika Markonah mangsuli ngene,
"Ora kang, kowe sing kleru, saiki dina Jemuwah !"

"Lho piye ta Nah, mulih ka Medura kok kowe malah dadi lalen ki keneng apa ta Nah, kowe rak ra lara ta  ?", pitakone Nasrudin ambek njenggelek, nyawang lan ndemok bathuke bojone, mriksa mbok menawa bojone lara tenan.

"Ora kang aku ora lara, aku waras wiris. Wis ta manuta aku ae, pokok'e saiki dina Jemuwah !"

"Ko dhisik Nah .... kowe ki ....."

"Wis ta ayo, gek ndang tumandang. Lek nganti kesuwen wengine selak mlebu dina Rebo lho kang !"

 ---

Wiwit seka wengi iku, wiwit Markonah mulih seka Medura, Nasrudin wis ora tau  maneh ngenteni jarit utawa Jemuwah. Saiki genti jarite Markonah sing  luwih kerep ngenteni Nasrudin. Wiwit  seka wengi sing istimewa iku, ing bale-somahe Nasrudin - sajroning seminggune kadhang kala ana telung Jemuwah, kadhang kala ana limang Jemuwah, malah ora arang isa nganti sangang Jemuwah.

//

Sunday, November 28, 2010

Jarit apa Jemuwah


Sakwise bojone sing sepisanan mati, Nasrudin sida ngrabi Markonah sing ireng-manis prawane Lik Kusin bakul areng wetan pasar. Arepa Nasrudin wis rada umur nanging Nasrudin ya tetep isa nandhingi krodhane bojone.sing ijih telung-puluhan tahun. Malah kepara kerep Markonah sing rada asor yudane.

Ya marga perkara iku nalika udakara telung sasinan dadi bojone Nasrudin, Markonah terus ngajokake usulan, malah kepara meksa,  ngenani wektu kanggo ngleksanani kewajibane wong omah-omah, wektu kanggo saresmi.

"Kang, lek sampeyan njaluk rong ndina pisan, malah kadhang kala saben mbengi ngene iki,  ra nganti setahun aku lak wis remek ta kang ", ngono sambate Markonah ing sawijining wengi nalika wong loro bar ngayahi kewajibane.

Krungu sambate bojone, Nasrudin rada nggragap. Dheweke terus nggagas, umpamaa ora gelem aja-aja mengkone Markonah malah njaluk pegat merga ora kuwat. Wah aja nganti, eman-eman yen nganti kelangan bojo sing manise kaya Wara Sembadra mung marga perkara pemaksaan jam kerja ae. Lan yen dipikir-pikir awake ya wis tuwa. Lha yen kekarepane diumbar kaya jaran apa ya ra bakal ngrusak ragane dhewe. 

"Ya wis Nah, aku tak nurut kowe. Ning umpama kowe sarujuk, piye yen telung ndina pisan ?", pangrimuke Nasrudin ambek ngelus-elus bojone.

"Emoh kang, jik kekerepen !", wangsulane Markonah rada mbesengut aleman.

Sakwise rada suwe anggone rebut-bener, arepa sirahe Nasrudin rada cekot-cekot,  pungkasane wong loro mau padha mupakat yen bakal nindakake kuwajibane wong bebojoan seminggu pisan. Lan uga dimupakati yen dina kanggo ngleksanani kuwajiban mau  ing saben Jemuwah bengi.

"Nanging Nah, aku ki rak wis rada lalen. Apa maneh yen kon ngeling-eling dina. Njur piye  carane supaya aku ra lali Nah ?", pitakone Nasrudin mbodhoni. Karepe mono arep golek celah  nggo nambah jam-terbang.

"Lalen apa arep nglali ta kang ?", wangsulane Markonah tanggap ing sasmita.
"Wis ngene ae kang, ben ra lali engko pas dinane, nggo tandha lek bengi iku Jemuah bengi, aku tak nyampirke jarit na kursi iku. Dadi lek arep mapan turu njur sampeyan weruh ana jarit semampir na kursi,    iku tegese  wis Jemuwah bengi."

Arepa sejatine kepeksa lha ning ya arep kepiye maneh. Wiwit seka wengi iku, dina Jemuah dadi dina  istimewa sing ajeg diantu-antu dening Nasrudin. Nanging suwe ning suwe, bebarengan lumakuning wektu, Nasrudin ora isa mbedakake maneh, jan-jane dheweke iku ngenteni dina Jemuwah apa ngenteni jarite Markonah.


//

Friday, November 26, 2010

Blas Ora Ana Gunane

Kaya abene, angger dina Setu lan Minggu, warga kampunge Nasrudin dha dedaganan  na lokasi pariwisata cedhak kampung kono. Umume ya dodolan woh-wohan kasil seka kebon-ne. Mung Nasrudin dhewe sing durung tau dodolan na taman pariwisata mau.

Nanging marga krungu yen dodolan na kono bathine lumayan, dina Setu iku Nasrudin ambek Markonah coba-coba melu bebakulan, dodolan semangka panenan wingi sore.

Durung suwe mbukak dhasaran, ndilalah ana turis asing dha numpak sepeda liwat. Lan bareng weruh semangka sing didhasarake Nasrudin sajake njur dha kepengin tuku.

"How much is this ?", pitakone salah sijine turis mau karo ngelus-elus semangka.

Marga ora mudheng marang basane turis mau, Nasrudin ya mung  tudang-tuding semangkane, ngacungke jempol, ngguya-nguyu sambi ngomong yas yes yas yes. Karepe mono arep nerangake yen semangkana legi-legi.

Marga sing tuku ora oleh wangsulan sing jelas, kanca-kancane terus  melu takon nganggo basa liyane, coba-coba mbok menawa wae bakule ngerti.

"Zhège duōshao qián ?"

"Ikura desu ka ?"

"Magkano ito ?"

"Cái này giá bao nhiêu ?"

Nanging Nasrudin tetep ora mudheng. Ya kaya sak durunge, isane mung sraweyan tudang-tuding semangka, ngecungke jempol, ngguya-ngguyu ambek omong yas yes yas yes.

Turis-turis mau ketoke ya judheg marga pitakone ora oleh wangsulan. Lan sak wis dha rembugan wong-wong iku terus dha mancal sepedhane nerusake lakune, ora sida tuku semangka.

Markonah sing kawit mau ndhepipis ndhodhok marga wedi yen ditakoni, bareng turis-turis mau wis rada adoh terus takon marang bojone,
"Wong-wong iku ketoke pinter-pinter, ning kok ra sida tuku ya kang ?"
"Pinter piye ta Nah ?"
"Lha mau tak rungokke wong-wong mau isa ngomong  ngganggo basa werna-werna nganti aku  blas ra mudheng tembunge siji-sijiya. "

Nasrudin mung isa manthuk-manthuk. Kepiyea wae sejatine dheweke ya isin merga arepa na ndesane kondhang pinter lan okeh kawruhe, ning kok ya ra ngerti siji-sijiya apa sing diomongke wong-wong mau.

Nanging dudu Nasrudin yen ora duwe alesan,
"Ya iku contone Ndhuk,  arepa wong-wong iku pinter lan ketoke okeh  kawruhe nanging na kene  blas ora ana gunane !"

Krungu wangsulan sing ngono iku Markonah terus mesem ambek celathu ngene,
"Kok padha ambek sampeyan ya kang !"


//

Tuesday, November 23, 2010

Lagi Ora Kesel

Bubar rapat ketua erte na klurahan Nasrudin diampirke Lik Rakim na ngomahe. Sing paling disenengi Lik Rakim angger ketemu Nasrudin yaiku guyonane lan kawruhe sing kaya-kaya ora ana asate.

Watara sak jaman anggone ngudhal-udhal lelucon lan guyonane Nasrudin bola-bali angop. Weruh ngono iku Lik Rakim malah kaya entuk perkara sing perlu ditakokake, karepe mono arep necep kawruh seka wong sing dianggep mangerteni apa wae, mumpung ketemu.

"Dhe, sakjane sing marahi uwong angop kaya sampeyan iku apa ta Dhe !"

"Eeeng bab angop ta. Ana rong perkara sing nyebabake wong iku angop !"

"Sing sepisan apa Dhe ?!?"

"Sing sepisan yen wong iku lagi kesel."

"Lha yen sing angka loro Dhe ?!?"

Ambek angop amba Nasrudin ngrampungake wedharane,
"Dene sing angka loro yen wong iku lagi luwe. Lan ngene ya Lik, wektu iki aku lagi ora kesel !"

Krungu wedharane Nasrudin sing pungkasan iku Lik Rakim terus mbengoki bojone sing lagi olah-olah na pawon,
"Mbokne mbokne, nggonmu olah-olah wis rampung durung ? Iki lho kakangmu wis keluwen !"


//

Monday, November 22, 2010

Dandana Sing Ayu !

Mbok menawa amarga kekeselen anggone melu gugur-gunung ndandani  bendungan sing rusak katrejang lahar-dingin, tur ya dhasar wis tuwa, wis ana pitung dina iki Nasrudin lara, ambruk tanpa daya, mengkas-mengkis ngglethak na peturon wae.

"Ndhuk, Markonah ... kira-kira apa aku ki wis arep dipethuk bathara Yamadipati ya ?", pitakone Nasrudin marang Markonah, sing awan-mbengi  nunggoni ambek mbrebes mili.

"Kang mbok aja omong ngono ta kaaang, ndang dimarek-marekna ta kang. Lek sampeyan mati njur engko aku sapa sing ngancani kaaang!", wangsulane Markonah nalika krungu pangudarasane Nasrudin.

"Nah, sing jenenge mati kuwi wis pepesthen. Yen ora saiki ya sesuk, kabeh bakal kebageyan. Wis ta aja mbok pikir jero-jero. Aja nangis ae ta. Luwih becik  saiki kowe ndang dandana sing ayu moblong-moblong, gelungan sing gedhe bunder seser,  kaya  lek arep kondangan kae ta, aja mung nganggo dhaster bodhol ngono iku !"

Krungu omonge Nasrudin ngono iku Markonah malah tambah gero-gero tangise,
"Owalah kaaang kang, aku ki lagi sedhih, lha kok malah mbok kon dandan ki genahe piye ta kaaang. Mbok aja nganeh-anehi ta kaaang !"

Ambek ngelus-elus tangane bojone Nasrudin celathu ngene,
"Ngene ya ndhuk bojoku wong ayu. Engko sak umpama bathara Yamadipati rawuh mrene sak prelu methuk aku, nanging bareng weruh kowe sing dandan ayu moblong-moblong kaya Dewi Supraba, mbok menawa wae bakal berubah dari rencana semula !"

"Njur ben luluh penggalihe ngono ta kang ?", pitakone Markonah ambek jik rada bingung.

"Ora, ora ngono Nah, bathara Yamadipati iku lek wis kebacut budhal baline ya mesthi kudu nggawa oleh-oleh, kudu nggawa gawan !"

"Lha njur karepmu piye kang ?"

"Anu Nah, mbok menawa ae, engko bareng weruh ayumu sing kaya Dewi Supraba,  ndara Yamadipati ora sida nggawa aku !"

"Lha njur nggawa sapa kang ?!?", pitakone Markonah sing malah tambah ora mudheng ambek karepe bojone.

"Nggawa kowe !"

//

Sunday, November 21, 2010

Sujarahe Ngglepungi Dhadhung

 
"Kula nuwun, napa mriki daleme Mbah Er Te Nasrudin ?", ngono uluk salame Kang Markun blantik pitik wetan pasar nalika nemoni erte-ne.

"Eh mangga ... sampeyan sinten nggih kok kula rada supe kang ?", saure Nasrudin Hoja mangga-ake tamune.
"Kula Markun, nggih wargi erte ngriki., etan peken mbah. Enggih mbah,  kula awis-awis kumpul kalih tangga-tangga, radi repot mbah, kathah damelan !"
"E iya, kelingan aku saiki, Kang Markun blantik pitik kae ta. Lha onten perlu napa ta kang ?", pitakone Nasrudin nalika wis premana ngerteni sapa ta tamune mau.

Ambek mak srog lungguh na lincak Kang Markun nggenahake karepe,
"Ngeten mbah erte, criyose tiyang-tiyang lek erte ngriki gadhah impentaris dhadhung ageng nggih ?"
"O enggih, pancen onten impentaris dhadhung. Lha kersane pripun kang?"
"Niku mbah, ajeng nyuwun ngampil ... kula ajeng negor wit klapa ngajeng nggriya !"
"O ngoten ta. Nggih nggih ... ning kula tingalane riyin napa dhadhunge saged sampeyan agem ", saure Nasrudin karo mlebu ngomah.

Ora antara suwe Nasrudin wis bali nemoni tamune.
"Wah nggih lagi beja sampeyan kang, ketingale dinten niki dhadhunge mboten saged di-angge."
"Lha pripun ta mbah, napa onten sing nembe ngangge ta ?"
"Jane nggih mboten kang, dhadhunge nggih lagi nganggur."
"Lha gene kok mboten saged di-ngge ta mbah ?", pitakone Kang Markun rada sora.
"Ngeten nggih kang, dhadhunge niku nembe di-uleni, di-glepungi bojo kula ".

Krungu wangsulan iku Kang Markun rada muntab sambi mangsuli ngene,
"Mbah padune sampeyan mboten gelem nyilihi ta, niku impentaris erte lho. Kok nganeh-anehi sampeyan niku mbah, wiwit kapan onten dhadhung kok ndadak diglephungi barang !"

Arepa tamune kurang trapsila nanging kaya abene Nasrudin mangsuli kanthi sareh,
"Ngeten nggih kang, yen sampeyan ajeng ngertos sujarah-e wiwit kapan dhadhung kok ndadak  nganggo diglepungi barang, jan-jane tradhisi niku nggih dereng suwe. Tradhisi ngoten niku wiwitane nalika onten warga erte sing mboten tau mbayar iyuran erte, mboten tau melu kerja-bakti, ning njur ajeng nyilih dhadhung impentaris erte."

//