Jenenge tangga sipate ya werna-werna. Kang Markun blantik pitik kidul pasar kondhang yen ra tau gelem guyub ambek tangga, dadine ya ora pati disenengi tanggane.
Sawijining dina Kang Markun mara nyang nggone Nasrudin Hoja, saperlu arep nyilih jaran.
"Kula nuwun Mbah !"
"Eeee mangga mangga. Onten perlu napa Kang, napa ajeng ngampil dhadhung malih ?"
"Mboten mbah, anu yen pareng kula ajeng ngampil jaran ... ngge mbeta rabuk teng sawah !"
"Ooo ngoten. Nganu Kang, jan-jane nggih mangga mawon lek ajeng ngagem jaran kula. Ning anu, jarane nembe disilih Lik Ngabdul ngge mbeta nangka teng pasar. Sepuntene mawon nggih Kang !"
"Ngoten nggih Mbah. Nggih mboten napa-napa. Matur nuwun, kula tak nyuwun pamit !"
Lagi wae Kang Markun arep jumangkah bali, ndadak ka mburi keprungu suwarane jaran mbengingeh sora. Sajake jarane Nasrudin krungu yen ndarane lagi nggorohi Kang Markun. Krungu suwara mbengingehe jaran mau, Kang Markun balik marani Nasrudin ambek takon kebak pangarep-arep,
"Lha nika kok onten suwara jaran Mbah ?"
Kaya biyasane Nasrudin kanthi sareh mangsuli ngene,
"Pun mangga, Kang Markun ajeng percaya ambek sinten ? Ajeng percaya ambek uwong napa ambek jaran ?"
//